Cari Blog Ini

Senin, 04 Maret 2013

Percakapan Bahasa Jawa


PENTINGE JAGA KEBERSIHAN
Isuk-isuk ing suatu dina. Lala sing isih cilik pelayonan bali nang omahe karo ngos-ngosan amarga nemu kedadeaan aneh sing Lala alami dina iki.
Lala        : kek,kakek (karo ngos-ngosan)
Kakek    : opo tho nduk ?
Lala        : kek, wau won-wonten (kaleh ngos-ngosan)
Kakek    : sabar nduk, tarik nafas dhisik, ojo kesusu lek arep ngomong.
Lala        : inggih kek (kalih narik nafas)
Kakek    : yo ngono, kok kowe ketokan bingung ? ono opo tho nduk ?
Lala        : wau dhateng dalemipun akbar kalian faisal penuh asap, niku kengeng menapa ,kek ?
Kakek    : iku jenenge fogging, nduk.
Lala        : fogging? Menopo iku kek ?
Kakek    : fogging kuei pengasapan singtujuane kanggo mbunuh nyamuk lan jentik jentik nyamuk.
Lala        : oh mekaten gih ,kek ? nyamuk kok di bunuh sampai mekaten sih kek ? kan nyamuk ndamel gatel kemawon tho ?
Kakek    : Ora ngono thok, nyamuk uga bisa menyebabake penyakit koyoto kaki kajah, cikungunya lan penyakit demam berdarah serta liya-liyane.
Lala        : kados pundi caranipun terhindar kalih penyakit niku ?
Kakek    : bisa karo cara 3M.
Lala        : 3M niku nopo kek ?
Kakek    : 3m kuwi menutup, menguras lan mengubur.
Lala        : maksude kek ?
Kakek    : maksude menutup yaiku menutup tempat penampungan banyu supaya nyamuk ora bisa bertelur. Maksude menguras kuwi menguras bak-bak penampung air supaya nyamuk ora bisa urip. Maksude mengubur yaiku mengubur kaleng-kaleng bekas sing iso nampung banyu udan.
Lala        : owh  mekaten ,ngih kek ?
Kakek    : ana meneh sing paling utama
Lala        : napo iku kek ?
Kakek    : buang sampah ning panggonane lan kudu njogo lingkungan sebab nyamuk ora seneng nang tempat sing resik. Jadi kowe ojo buang sampah sembarangan ,yo nduk ?
Lala        : inggih kek.

2 komentar: